TEMA NARKOBA
Assalamualaikum Warakhmatullahi Wabarakatuh,
Ingkang kinurmatan Ibu Sulistyawati guru
pengampu basa Jawi, lan saha rencang-rencang ingkang kulo tresnani.
Mangga kita sami dherekaken puji dhumateng
Gusti Allah Subhanahu Wata’ala dene ing dino Rebu iki kita saged makempal ung
adicara menika. Ing kesempatan menika kula badhe ngaturaken bab “Kasih Sayang”
ing acara pengetan ibu menika.
Kepareng kula matur sak untawis,
ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinten
dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi
bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami,
awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindakipun badhe nalisir saking
kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi
kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi
narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kadosipun, mejahi
tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanesipun.
Narkoba ngrusak jasmani soho rohani,
sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten
rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi
mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba,
supados kita mboten kecemplung jurang kesesengsaran, rencang-rencang dumateng
generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga,
nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang
haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking
kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang
kesesensaran.
Kula kinten naming mekaten ingkang
saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo
lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging
pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal
hidaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
0 komentar:
Posting Komentar
Apa komentarmu tentang ini? ^^